masang lampu..

dino iki omahku di apgred kabeh lampune. sakjane yo pek mbicekno lampu jedhing seng koyokke kobong... saben aku ngeces leptopku, mesti listrik nak omah iki njeglek! lha lampu jedeng iku mesti mati lek pas wayah lampu njeglek... emboh apane... wong pitingane yo sampek kobong ngono....

bapakku nyeluk tukang reparasi listrik, jenenge wak gampang... wes paleng opo ae gampang baginya, mboh gampang kesetrum mboh gambang kejojo tespen, pokokke gampang!

tugasku mek sitok. negengi ondo seng di gawe wak gampang mancal,.. sakjane yo gak ngefek nemen2 seh antara tak tegengi ambi igak,.. nanging yo cek ketok pantes ngono ae lo.. pokokke selama wak gampang gak nguyoh sembarangan nak raiku, aku gelem nyekeli bokonge, eh, nyekeli ondone maksute...

ternyata karepe ibukku menisan di apikki kabeh ae! masang lampu nak kamar nduwur, terus ngganti lampu nak pawon... saiki lampu pawonku padang banget! sumpah! jare ibukku cek gampang masakke, cek gampang ndilek.i silit, eh, silet seng ceblok pas masak, luwih gampang nentukno iku curut ta putra...

        "haloo putraa... apa itu kau?"

        "ciii...ciiitt....ciiiittttt...."

        "ooh... rupanya itu benar kau, Nak,.."

maringono masang lampu ngarep omah, iki lampu seng paleng sangar, kaet mbangun omah gak tau diganti, umur.e podo ambi umurku, 17 taun!! wew! sakjane lampu iku wes oleh nyoblos pemilian gubernur mendatang... padahal lampune wes belduk.en, wes hampir mrotoli kabeh, tapi sek iso makan.. sangar kan? pitingane yo wes remuk kabeh... koyok krispi ngonoiku, akhire yo diganti kabeh...

Comments

Popular posts from this blog

Tugas IPS: identifikasi unsur budaya suku Amungme di Timika, Papua

Bokep, Oh... Bokep..